Baca Juga Materi Nyemak Pariwara Iklan Basa Jawa SMP Kelas 8 Tembung Rangkep Materi Basa Jawa Nulis Karangan Narasi SMP Ngarang iku satunggale kaprigelan sing merlukake olah rasa lan pikiran. Wiwitane ngarang iku kudu nemtokake idhe pikiran, banjur diwedharake kanthi ngetrapake basa. Ngarang iku ora gampang, ning menawa gelem tlaten gladhen wekasane dadi trampil. Jinise karangan iku manekawarna , kayata narasi, deskripsi, eksposisi, argumentasi, lan persuasi. Ananging ing wulangan iki, sing arep dirembug babagan Nulis Karangan Narasi . Karangan narasi yaiku karangan kang nyritakake sawijining prastawa utawa kedadeyan ing sajroning urutan wektu. Karangan narasi duweni unsur kedadeyan, paraga lan konflik. Kabeh unsur iku diarani plot utawa alur. Wondene karangan narasi iku kapantha dadi, 2 yaiku karangan naradi kang ngamot fakta (narasi ekspositoris) lan fiksi (narasi sugestif). Tuladha narasi ekspositoris yaiku autobiografi, biografi, ...
Materi Nyemak Pariwara Iklan Basa Jawa SMP Kelas 8 Tembung Rangkep Tembung Rangkep Materi Basa Jawa Tembung Rangkep Tembung rangkep yaiku tembung kang pangucapan utawa panulisane karangkep saperangan utawa kabeh utawa bisa diarani pengulangan (reduplikasi). Tembung rangkep iku kaperang dadi 3, yaiku: 1. Tembung rangkep dwilingga Tembung rangkep dwilingga yaiku tembung linggane utawa kata dhasare kang karangkep. Wondene pangrangkepe tembung iku ana kang ajeg jebles utawa persis, ana kang owah swarane. Tembung rangkep dwilingga, kaperang dadi 3, yaiku: a. Dwilingga padha swara, yaiku tembung kang dirangkep padha jebles. Tuladhane: mlayu-mlayu, bocah-bocah, meja-meja. b. Dwilingga salin swara, yaiku tembung kang dirangkep ganti swara. Tuladha: bola-bali, tura-turu, ngodag-ngadeg. c. Dwilingga semu, yaiku tembung kang ora duweni teges menawa durung dirangkep,...