Baca Juga Materi Nyemak Pariwara Iklan Basa Jawa SMP Kelas 8 Tembung Rangkep Materi Basa Jawa Nulis Karangan Narasi SMP Ngarang iku satunggale kaprigelan sing merlukake olah rasa lan pikiran. Wiwitane ngarang iku kudu nemtokake idhe pikiran, banjur diwedharake kanthi ngetrapake basa. Ngarang iku ora gampang, ning menawa gelem tlaten gladhen wekasane dadi trampil. Jinise karangan iku manekawarna , kayata narasi, deskripsi, eksposisi, argumentasi, lan persuasi. Ananging ing wulangan iki, sing arep dirembug babagan Nulis Karangan Narasi . Karangan narasi yaiku karangan kang nyritakake sawijining prastawa utawa kedadeyan ing sajroning urutan wektu. Karangan narasi duweni unsur kedadeyan, paraga lan konflik. Kabeh unsur iku diarani plot utawa alur. Wondene karangan narasi iku kapantha dadi, 2 yaiku karangan naradi kang ngamot fakta (narasi ekspositoris) lan fiksi (narasi sugestif). Tuladha narasi ekspositoris yaiku autobiografi, biografi, ...