Tembung Rangkep
Tembung rangkep yaiku tembung kang pangucapan utawa panulisane karangkep saperangan utawa kabeh utawa bisa diarani pengulangan (reduplikasi).
Tembung rangkep iku kaperang dadi 3, yaiku:
1. Tembung rangkep dwilingga
Tembung rangkep dwilingga yaiku tembung linggane utawa kata dhasare kang karangkep. Wondene pangrangkepe tembung iku ana kang ajeg jebles utawa persis, ana kang owah swarane. Tembung rangkep dwilingga, kaperang dadi 3, yaiku:
a. Dwilingga padha swara, yaiku tembung kang dirangkep padha jebles. Tuladhane: mlayu-mlayu, bocah-bocah, meja-meja.
b. Dwilingga salin swara, yaiku tembung kang dirangkep ganti swara. Tuladha: bola-bali, tura-turu, ngodag-ngadeg.
c. Dwilingga semu, yaiku tembung kang ora duweni teges menawa durung dirangkep, bisa duweni teges menawa uwis dirangkep. Tuladha= undur-undur, arem-arem, bolang-baleng, lsp.
2. Tembung rangkep dwipurwa
Kang diarani tembung rangkep dwipurwa iku dumadi saka pangrangkeping wanda ing wiwitaning tembung (suku kata depan yang di ulang). Tuladha:
- sumbar = susumbar = sesumbar
-tuku = tutuku = tetuku
-sulih = susulih = sesulih
3. Tembung rangkep dwiwasana
Tembung rangkep dwiwasana yaiku tembung kang dumadi saka pangrangkeping wanda (suku kata) pungkasan. Tuladha =
- cenges = cengenges
-cengis = cengingis
-cekak = cekakak
Materi Jawa liyane kejaba tembung rangkep ugi, bisa disinauni Materi Nyemak Pariwara Iklan Basa Jawa SMP Kelas 8

Sinau tembung rangkep materi mulok, kurikulum lokal...sinau gawe blogger....
BalasHapus