Langsung ke konten utama

Materi Nulis Karangan Narasi SMP semester Genap

Baca Juga
Materi Nyemak Pariwara Iklan Basa Jawa SMP Kelas 8

Tembung Rangkep Materi Basa Jawa

Nulis Karangan Narasi SMP

Ngarang iku satunggale kaprigelan sing merlukake olah rasa lan pikiran. Wiwitane ngarang iku kudu nemtokake idhe pikiran, banjur diwedharake    kanthi ngetrapake basa.

Ngarang iku ora gampang, ning menawa gelem tlaten gladhen wekasane dadi trampil. Jinise karangan iku manekawarna, kayata narasi, deskripsi, eksposisi, argumentasi, lan persuasi.

Ananging ing wulangan iki, sing arep dirembug babagan Nulis Karangan Narasi.
Karangan narasi yaiku karangan kang nyritakake sawijining prastawa utawa kedadeyan ing sajroning urutan wektu.

Karangan narasi duweni unsur kedadeyan, paraga lan konflik. Kabeh unsur iku diarani plot utawa alur.

Wondene karangan narasi iku kapantha dadi, 2 yaiku karangan naradi kang ngamot fakta (narasi ekspositoris) lan fiksi (narasi sugestif). Tuladha narasi ekspositoris yaiku autobiografi, biografi, utawa pengalaman. Tuladha narasi sugestif yaiku novel, cerkak, cerbung, lsp.


Karangan narasi sing becik, kudu ngamot urut-urutaning karangan kaya ing ngisor iki:
a. Pambuka, yaiku momot bab bebuka wondene surasane nepungake paraga, lan swasana. Pamilihing tembung digawe sing nengsemake, amarga iki blegere sing bisa milut dening kang maca, mula kudu digawe kanthi tumemen.
b. Isi, yaiku momot babagan konflik, kanthi diarahake tumuju ing klimaks utawa puncake konflik. Banjur menawa uwis klimaks kudu mudun tegese ana kedadeyan sing dirampungi.
c. Panutup, yaiku surasane bagean crita kang uwis adem utawa lerem. Wong dene anggone ngrampungi crita manekawarna, bisa dijupuk dudutan kanthi cekak. Sanes iku uga ana sing kanthi digantung, supaya sing maca padha nyimpulake dewe kanthi maneka warna.

Bab-bab sing kudu digatekake nalika nulis karangan narasi, luwih-luwih karanfan narasi kang fiksi, yaiku nggolek lan nemtokake idhe, supaya isine jangkep, nggunakake rumus 5W+1H.

Urutaning nulis karangan narasi, yaiku:
1. nemtokake tema
2. nemtokake sapa sing bakal maca
3. nggawe kerangka karangan
4. pamilihing tembung
5. ngembangake karangan
6. nandesake utawa nyusun tokoh lan watak wantune


Mekaten sagung sutresna budaya Jawi, seserepan sapala babagan nulis karangan narasi, kula namung saderma mugia saged paring mupangat tumrap para pamaos sedaya...nyuwun agunging pangapunten, maturnuwun.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Materi Nyemak Pariwara Iklan Basa Jawa SMP Kelas 8

Tembung Rangkep Materi Basa Jawa Materi Basa Jawa/Nguri-uri Budaya Jawa 1.Pariwara utawa Iklan Pariwara/Iklan yaiku kalebu sawijiing kabar utawa wara-wara kanggo bebrayan agung kanthi ancas paring  pangariwibawa, marang wong singrungokake utawa sing maca supaya kapencut marang produk sing ditawakake/diiklanake.     Iklan iku wujude ana 2, yaiku: 1. Iklan kanthi lisan, yaiku iklan kang digiyarake kanthi lisan lumantar media elektronik, kayadene tv, radio, lsp.  2. Iklan kanthi tulisan, yaiku iklan kang digiyarake lumantar medhia cetak, kayadene ariwarti (koran), kalawarti (majalah), lsp. Titikane iklan sing becik, yaiku: a. Lugas basane b. Gampang dingerteni c. Nyenengake/ narik kawigaten d. Jangkep (sak ora-orane ngamot unsur 5 W + 1 H) Kanthi mangkono masyarakat kanthi gamblang bisa ngerti produk kang ditawakake jroning iklan, klebu guna lan khasiat kang kamot ing saklebet prodhuke. Pariwara/ iklan iku kalebu salah sijine strat...