Tembung Rangkep Materi Basa Jawa
Pariwara/Iklan yaiku kalebu sawijiing kabar utawa wara-wara kanggo bebrayan agung kanthi ancas paring pangariwibawa, marang wong singrungokake utawa sing maca supaya kapencut marang produk sing ditawakake/diiklanake.
Maturnuwun mugi tansah manggih rahayu, widada nir sambekala.
1.Pariwara utawa Iklan
Pariwara/Iklan yaiku kalebu sawijiing kabar utawa wara-wara kanggo bebrayan agung kanthi ancas paring pangariwibawa, marang wong singrungokake utawa sing maca supaya kapencut marang produk sing ditawakake/diiklanake.
Iklan iku wujude ana 2, yaiku:
1. Iklan kanthi lisan, yaiku iklan kang digiyarake kanthi lisan lumantar media elektronik, kayadene tv, radio, lsp.
2. Iklan kanthi tulisan, yaiku iklan kang digiyarake lumantar medhia cetak, kayadene ariwarti (koran), kalawarti (majalah), lsp.
Titikane iklan sing becik, yaiku:
a. Lugas basane
b. Gampang dingerteni
c. Nyenengake/ narik kawigaten
d. Jangkep (sak ora-orane ngamot unsur 5 W + 1 H)
Kanthi mangkono masyarakat kanthi gamblang bisa ngerti produk kang ditawakake jroning iklan, klebu guna lan khasiat kang kamot ing saklebet prodhuke. Pariwara/ iklan iku kalebu salah sijine strategi pemasaran mula paling ora kudu mamerake kaluwihan, daya pigunane, utawa kaunggulane prodhuke supaya konsumen weruh menawa butuhake barang utawa jasa kang diiklanke mau. Nanging kudu digatekake, apa sing diiklanke kudu nyata karo apa sing diomongake ora waton golek bathi sak akeh-akehe nanging pungkasane sing tuku banjur rumangsa kapusan amarga apa kang dituku ora nyata kaya sing dikandhakake lumantar pariwara.
2. Tuladha Pariwara
Tuladha Pariwara awujud lisan/swara (Pariwara ing Radhio "Birawa Putra FM")
Para kadang, ora sah bingung masalah kasarasaning awak: "Aneka Jamu Mugi Waras Spesial". Akeh pilihane, gampang golek-golekane, mesthi alami, gampang ngracike lan dijamin tanpa efek samping. Para kadang takaturi mundhut Aneka Jamu Mugi Waras Spesial ing Toko "Barokah Waras", alamat Jl. Ceplok Piring, Karangan, Magelang. Telp. 0272-235212.
Sepisan malih mangga para miyarsa kula aturi tindak ing Toko Barokah Waras konsultasi kesehatan dipunlayani kanthi senenging ati, langsung mundhut Aneka Jamu Mugi Waras Spesial ingkang prayogi. Aneka Jamu Mugi Waras Spesial awak seger, waras lan ati mesthi makmur.
Dening: Bisri Nuryadi
3. Evaluasi
Wangsulana pitakonan ing ngisor kanthi permati!
1. Tuladha pariwara kang kosemak ing ngarep katujokake marang sapa?
2. Apa kaunggulane jamu Barokah Waras?
3. Ngendi alamate toko kang dodol barang kang ditawakake?
4. Andharna pariwara kang wis kok lrungokna nganggo basa padinanmu!
5. Coba tulisen kanthi ringkes isi pariwara kang wis kokrungokake nganggo basa krama!
Mekaten seserepan seserepan sapala ingkang saged kula aturaken, mugi wonten mupangating tumrap para kadang sutresna budaya Jawi. Mbok menawi wonten atur, labet kiranging seserepan bab basa twin sastra, kula namung sakderma ingkang boten saged singlar saking rehing tata krama, nyuwun agunging pangapunten.
Maturnuwun mugi tansah manggih rahayu, widada nir sambekala.
Tembung Rangkep Materi Basa Jawa
Sinau basa Jawa...ngiras pantes dherek nguri2 saperangan budaya jawa...
BalasHapusSinau basa Jawa...ngiras pantes dherek nguri2 saperangan budaya jawa...
BalasHapus
BalasHapus1. Bisri Nuryadi
2. Toko barokah waras konsultasi kesehatan dipunlayani kanthi senengging ati, langsung mundhut aneka jamu Mugi waras sepesial ingkang Prayogi.
3. JL. Ceplok piring, karanga, Magelang.
4.
5.
Dino Febriansyah
Hapus8f
14